UDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis
nggawa angin gumanti
ora kaya nalika
kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah
wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang
surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang
colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu
ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu
tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk
sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe
kekesing ati
manuk kepodang wus
mabur mangulon
nanging tetep tak
tunggu tekamu
DALAN OMBAK
Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih
watu
lan dalan kaya
ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang
katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar
kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih
lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing
pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku,
kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya
mencorong, pratanda dina wus rina
SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake
pangarep-arepku
marang katresnan
lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung
semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah
sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati,
Jeng
donga lan
pengestumu wae
tansah mili kanggo
aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake
pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan
katresnan satuhu
tan ora binagi ing
liyan
sempurna ing
guritan siji…
LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate
mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen
nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut
wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut
warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir
gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati